Naffr pMMCnalj
| Naff | ||
|---|---|---|
Formasi baru Naff | ||
| Latar wuri | ||
| Lair | 1998 | |
| Jinis Musik | Pop | |
| Taun aktif | 2000-Sekarang | |
| Parusahan rekaman | Prosound Records / Trinity Optima Production | |
| Situs resmi | www.naffonline.com | |
| Anggota | ||
| Hatna Danarda (vokalis) Dedi Rakswardana (gitaris, sound engineer) Andri Kurniawan H (gitaris) Odeu Wijaya (bassist) Hilal Hamzah (Drummer) | ||
| Mantan Anggota | ||
| Rusyaedi Makmun (vokalis) | ||
Naff inggih punika salah satunggalipun grup musik pop ing Indonesia ingkang miwiti karieripun ing jagad rekaman ing taun 2000.[1] Personel Naff inggih punika Hatnadanarda utawi Arda (Vokalis), Andre Kurniawan utawi Ade (Gitaris), Rakswardana utawi Dedi (Gitaris), Odeu Wijaya utawi Odeu (Bassist) lan Hilal Hamzah utawi Hilal (Drummer).[1] Sapunika vokalisipun dipun-gantos vokalis énggal ingkang namanipun Arda.[2] Grup musik ingkang kawujudaken ing tanggal 14 Fèbruari 1998 punika wiwitanipun ngliris album Terlahir (2000), salajengipun dipunkanthi album Terbang Tinggi (2001), (Naff) (2003), lan Isyarat Hati (2006).[1] Nalika 12 April 2008, Naff ngliris album Rahasia Hati minangka album ingkang kaping gangsal.[1] Ing album punika, wonten sewelas singel Kaulah Hidup sarta Matiku dados singel andhalan.[1] Setaun salajengipun, ing Mèi 2009, Naff ngliris album live recording akustik.[1] Konsep punika ingkang dipunwujudaken ing album ingkang kaping enem grup punika, Senandung Hati dan Jiwa.[1] Wonten kawan welas (14) lagu ing album punika kanthi sangang lagu ingkang naté dados hits, kados lagu Terendap Laraku, Kau Masih Kekasihku, nanging kanthi aransemen musik ingkang énggal.[1]
Cathetan suku[besut | besut sumber]
- ↑ a b c d e f g h Naff dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
- ↑ 'Naff dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
Pranala njawi[besut | besut sumber]
Naff
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |